LEGENDA ASL MULA BANYUWANGI

by 05:15 0 comments

Mulo Bukane Banyuwangi

Ing pantai etan jawa ana sakjining kerajaan kang deperintah Prabu Menak Prakoso. Dheweke duwe kekuasaan kang gedhe banget. Sri Bagido kuwi duwe sakwijineng anak lanang kang gagah, cakep lan bagus raine. Jenenge anak rojo kuwi Raden Banterang.
Raden Bantering dadi putra Mahkota kang sokben ben iso ngganteke bapakke dadi rojo, Dheweke raden Banterang saestu lan dihormati poro wargone. Namengno dheweke gampang nesu, dheweke sering ngekei hukuman sing abot karo hambane nek gak nurut perintahe.


Nalika dina kuwi Raden Banterang nggolekk kewan karo poro punggowone.  Pas dheweke ngolek kewan Raden Banterang  kepisah karo punggawane. Dheweke mlaku dhewe lan tekan sakwijineng kali. Ing pinggir kali mau ana wadon ayu lagi petik-petik kembang Raden Banterang seneng keayuane wong wadon mau.
Dweke takon ing jero atine dhewe”Aku iki apa mimpi?” Nyaopo wong wadon ayu dhewe ing jero alas.
Bar kuwi, Raden Banterang tekok karo wadon mau “Hei putri ayu manungsa opo dewi putri?,  ngapa wong wadon ayu dhewe ing paggon iki dhewekan?”
Wong wadon mau kaget, dheweke ra nyangka bakal ono wong liyo sing ngerti dheweke. Wong wadon ayu mau langsung jawab” Kulo manungsa biasa,blas ora dewi, Kulo teng mriki amarga wedi nek musuh nyerang. Ndek emben kerajaan kulo diserang karo kerajaan liyo. Bapak kulo mati pas mempertahankan mahkota kerajaan. Pas kejadian kuwi kulo ngembara dhewe tekan ing panggonan iki.”
“Apa betul Tuan Putri kuwi putri Rojo Klungkung?” Tekokane raden Banterang. “Betul. Sing tuan omongne, kulo kuwi Surati putri Raja Klungkung sing mati.”
Raden Banterang meneng sedhelo. Dheweke ngerti yen sing nyerang Kerajaan Klungkung  yaiku Bapakke dhewe. Krungu cerito tuan Putri mau roso mesakke sing tukul ing jero atine Raden Banterang,. Bar kui Putri Rojo Klungkung sing duwe jeneng Surati digowo neng istana. Ora suwe kaloro Puteri raja mau rabi.
Rakyat seneng banget amarga Raden Banterang wes duwe bojo sing bener-bener apik lan becik tindhak-tandhukke. Berkat kaluhurane budi surati, Watak nesunan sing ana ing Raden Banterang alon-alon ilang. Nalika semana Surati mlaku-mlaku ing jobo istana, kepethuk karo sakjining wong sing sandhangane elek lan reget.
Wong lanang kuwi jerit”Surati, Surati” Surati kaget surati krungu suoro mau. Surati ndheloki sue banget wong lanang mau lan Surati inget yen wong lanang mau yaiku mas kandunge dhewe. Dheweke ora nyangka yen masse iseh urip.
Jawab Surati “ Aduh, kakanda  sing tak tresnanni adinda ra nyangka pas iki iso ketemu karo kakanda. Adinda nyongko nek kakanda wis gugur bareng Bapak. Tak kiro Tuhan iseh ngekei kesalemetan karo awake dhewe.
“Surati, koe ra duwe isen gelem rabi karo wong sing wis mateni Bapakke awake dhewe. Saiki aku arep mbales kelakuane kerajaan bojomu kuwi Surati! Amarga matine bapakke dhewe, Koe gelem ngewangi aku Surati?”
Jawab Surati” Pangapunten kakanda, adinda wis utang budi karo Raden Banterang. Raden Banterang wis nyelametke adinda soko penderitaan. Pangapunten sanget, Adinda mboten sayet ngabulakken panyuwunan kakanda”
Masse Surati katinggal kuciwo mergo jawabane adhine. Naliko sakwijineng dino Raden Banterang nggolek kewan yaiku kijang. Pas lagi nututi kijang, teko pengemis lan nyadari Raden Banterang. Jare pengemis kuwi” Tuanku Raden Banterang, dek mau . Kulo nggoleki tuan. Tuanku mengke bakal enten maut kang direncanakke permaisuri Tuanku. Mau enjing kulo mirengke rerembukan pemaisuri tuanku. Kalih masse Surati, Tuanku.Tentang rencono kangge nuntut bales matine bapakke, Menawi mboten pertados, ingg sandap peraduan permaisuri enten sebilah keris pusaka. Sakrampunge ngomong  ngonokuwi, pengemis mau ngilang. Raden Banterang kaget krungu laporan pengemis mau.
Cepet-cepet Raden Banterang mulih ing istana. Tekan ing kono, dheweke langsung ing peraduan permaisuri kanggo yakinke bener salahe omonge pengemis mau. Raden Banterang rang panas atine lan kuciwo amargo sing dicritoake pengemis mau bener.
Nesune Raden Banterang gak iso ditahan. Permaisurine mau diajak ning kali. Raden Banterang nyritakake kabeh sing diomongke pengemis mau pas dhewe lagi ning alas. Raden Banterang tekok karo nada nesu”Apa kuwi balasanmu karo kebecikanku!”
Jawab permaisuri “Adinda wani sumpah. Adinda mboten nglakko’ake nopo-nopo.
“Meneng wong ngapusi” jerit Raden Banterang.”Kakanda Banterang !niku emang pusaka  Bapak hamba klungkung. Demi Dewato sing agung. Kulo bojo sing setia. Emang mas kulo dhek wonten teng mriki namengno mung tekan lwang istono. Kulo mboten nglako’ake napa-napa tuanku.
Raden Raden Banterang iseh ora percoyo mergo omongane bojone. Dheweke yaken, bojone kuwi sawi jining wong sing ndeleh dendam. Dadi dihunuske keris sing keselip ning bangkekane.
“Yowis, nek kakanda….nek kakanda ra percoyo karo Adinda. Dadi adinda siap ketemu ajal ing kali niki. Tapi kakanda kudu inget. Nek mengke kali iki ambune wangi dadi Adinda ra salah, lan nek ambune kaline ra enek dadi Adinda salah.”
Sakdurunge keris kuwi ditusuk mareng bojone. Surati lonjak neng kali banjur ngilang. Raden Banterang njerit karo gemeter. “Banyuwangi..?
“Banyuwangi…!”njerite sakjineng pengemis ameh bebarengan.”Hei Raden Banterang! Aku yaiku masse bojomu . Bojomu nyar ra doso. Dheweke nolak ngewangi aku kanggo mateni kowe. Banyuwangi kuwilah tanda tresno sucine bojomu”
Sakwise rampung wicoro. Pengemis mau wik ngilang. Raden Banterang keburu nafsu ora nggolek kebeneran kanti cermat. Dheweke kuciwo, tribakke kelakuane nggowo maut kanggo permaisuri sing dikresnani. Tekan sakmene panggonan permaisuri ngilang saka ing kali kasebut Banyuwangi.
  





                             

Unknown

Developer

Cras justo odio, dapibus ac facilisis in, egestas eget quam. Curabitur blandit tempus porttitor. Vivamus sagittis lacus vel augue laoreet rutrum faucibus dolor auctor.